Rahasia Blogging Kui Opo Dab?
Iki nembe bar mlaku-mlaku. Ndelok kahanan nang ndonya internet. Pancen ra ngapusi, aku entuk info akeh tenan dab, nangin ono sing lucu, nggemeske tapi yo marai panas nang kuping. Jan jan’o rahasia blogging kui opo dab? Perasaan wit semono lekas ngeblog, ora ono rahasiane. Nek ngeblog nang blogspot tinggal register, yen dolanan wordpress.com juga ngono, nek nganggo sing self-hosted yo tinggal nginstall. Rampung tho?
Kanggoku ngeblog asal iso bahasa Inggris setitik yo wes cukup. Bar ngono tinggal optimasi. Arep di gowo nang ngendi blog’e kui. Nggo catetan asal, opo rep nggo golek duit. Yen nggo golek duit yo ajar ngunggahne Google Pagerank, nyilikke alexa, ajar tutorial adsense, paid review, lan liyo liyane.
Sing jelas, rahasia blogging kui ora ono dab, nang Google ono kabeh. Tinggal gelem moco opo ora. Sabar oleh’e praktek opo ora. Tapi nek rahasia kampanye damai pemilu Indonesia 2009 embuh, aku ra reti… xixixi… Mungkin konco2 sekalian do bingung kenopo aku gawe tulisan rahasia blogging kui opo dab, intine, aku mau bar nemu situs sing ah embuhlah… isi ne ra nggenah. Ra perlu tak bahas meneh nang kene. Pokoe situs kui jare menguak rahasia blogging… wkwkwk… emang’e ono rahasiane po..xixixi… ojo-ojo cuman situs pembuat masalah hahah.
Wes yo dab, aku rep micek disik, tapi sakdurunge, aku rep nautke kampanye damai pemilu Indonesia 2009 disik. Nah, saiki uwes. Berarti aku tinggal turu.. wkwkwkw…
[...] kok gw heran banget, perasaan masalah nggak pernah berhenti dalam dunia dan rahasia blogging itu. Pasti ada aja, entah itu cuma masalah kecil atau masalah besar. Untuk malem ini, lumayan besar [...]
[...] nggak ada yang salah xixixi…. Btw, kalau anda bingung baca tulisan ini, mending baca tulisan rahasia blogging atau artikel lain yg berhubungan dengan kontes Rusli Zainal Sang Visioner aja bro… sapa tau [...]
Rahasia Blogging Kui Opo Dab?
wuih apik iki gaya penyampeane Dab…..
Oleh tak nggo inspirasi ta Dab…?
Nek raoleh ya tetep ndableg koq Dab….
Nuwun Dab…